Rabu, 29 Maret 2017

Cerita Wayang dalam bahasa jawa BISMA GUGUR


Sugeng Enjeng /Selamat pagi selamat beraktivitas . . . .Hari ini saya akan membagikan karya dari kelas kami mengenai cerita wayang. Cerita wayang ada 2 versi yaitu versi Mahabarata dan Ramayana. Kelas kami mengambil versi Ramayana.Berikut ini tonton juga videonya
https://www.youtube.com/watch?v=_bwRHTYwML0

Sebelum masuk narasi ini saya buat sinopsis dalam bahasa Indonesia biar lebih mudah pemahamannya
"BISMA GUGUR"
Cerita ini bermula dari kerajaan Kasi yang mengadakan sayembara untuk mencarikan jodoh ketiga putri kerajaan Kasi. Sayembara ini diikuti seluruh kerajaan yang menerima undangan dari kerajaan kasi.Disayembara ini diikuti oleh  raja Salwa kekasih Dewi Amba.Dewi Amba merupakan salah satu putri yang akan direbutkan dalam sayembara. Dewi Amba menginginkan raja Salwa untuk menang.Akan tetap sayembara ini dimenangkan oleh Bisma dari Ngastina. Bisma yang sudah bersumpah tidak akan menikah seumur hidup , membuatnya tidak bisa menikahi Dewi Amba. Dewi Amba kecewa dan sakit hati , ia pergi dan menemui dewa. . . . . . . . .Apa yang akan dilakukan Dewi Amba? Saksikan kelanjutannya dalam video


BISMA GUGUR
Dicaritakake Kerjaan Kasi lagi nganakake sayembara kang nduweni ancas kanggo nggolek jodoh putrine Prabu Darmagumbara yaiku Dewi Amba, Dewi Ambika, lan Dewi Ambalika. Akeh para ksatria saka kerajaan liya kang melu sayembara, kayata Kerajaan Ngastina kang ngirimake Bisma kanggo melu sayembara kuwi. Nanging, Bisma nglakoni kuwi kabeh among kanggo adhine, Citranggada lan Wicitrawirya.
SEGMEN 1

Raja                 :  “Duh para prajuritku, aku bakal ngadakake sayembara adu kesaktian. Sapa wae                                sing menang ing sayembara iki bakal dadi bojone anak-anakku.”
Prajurit                        :  “Inggih, sendika dhawuh Paduka.”
Raja                 :  “Umumna wara-wara iki neng kabeh kerajaan.”
Prajurit                        :  “Sendika dhawuh, Paduka.”

Sawise saben kerajaan nampa kabar ngenani sayembara kuwi, padha ngudi ngilmu kesaktian. Nalika tiba ing wayahe sayembara, para ksatria mlumpuk ing Kerajaan Kasi. Nalika sayembara Bisma bisa ngalahake Raja Salwa yaiku ksatria kang dadi pamujaning atine Dewi Amba. Satemene Dewi Amba nduwe kekarepan yen Bisma kalah.

(Bisma VS Salwa)
Dewi Amba     :  "Sampun, Bhisma. Panjenengan ngertos yen Ksatria punika mboten pareng                                      mejahi tiyang sanes ingkang mboten gadhah kekuatan malih.".
Bisma              :  "Iyo, Dewi. Aku ora bakal mateni Salwa amarga panjalukmu."
(Bisma ngrampungi perang kanthi menggos-menggos)
Prajurit                        :  “Sayembara iki dimenangake Bisma saka Kerajaan Ngastina.”
Raja                 :  “Amarga saktimu bisa ngalahake kabeh para ksatria ing kene. Kowe patut                                         nyandhing anak-anakku iki.”
Bisma              :  “Matur nuwun sanget, Paduka.”

(Bisma marani para dewi)
Bisma              :  “Melua aku kabeh menyang Ngastinapura, amarga aku wis bisa                                                         menangake sayembara iki. ".
Dewi Amba     :  “Nggih, Paduka. Kula, Dewi Amba lan rayi kula purun tumut Paduka dhateng                                 Ngastinapura.”
(Bisma lan para dewi mlaku menyang Kerajaan Ngastina)

SEGMEN 2

Bisma              :  “Duh Ibu. Niki para dewi kang bakal dadi kanca urip para rayi kula.”
Ibu                   :  “Duh anakku Citranggada, Dewi Ambika kang bakal dadi kanca uripmu.”
Citranggada    :  “Sendika dhawuh, Ibu. Kula bakal nyandhing Dewi Ambika lan njaga dheweke.”
Ibu                   :  “Duh anakku Wicitrawirya, Dewi Ambalika kang bakal ngancani uripmu.”
Wicitrawirya   :  “Sendika dhawuh, Ibu. Semono uga kalih kula. Kula nggih bakal nyandhing Dewi                           Ambalika lan njagi dheweke nganti tekaning pati.”
Ibu                   :  “Iyo, apik kuwi Ngger.  Anakku Bisma, Dewi Amba uga bakal dadi kanca uripmu.”
Dewi Amba     :  “Nyuwun pangapunten, Ibu. Kula badhe ngaku menawi kula saderengipun                                      sayembara kula sampun gadhah pamujaning ati. Nanging, sak niki kula saguh                                     dados garwane Bisma”
Bisma              :  “Agunging samudra pangaksami, Duh Ibu lan Dewi Amba. Kula mboten saget                               nyandhing Dewi Amba amargi kula sampun sumpah ngabdi marang Ngastina lan                   Rama yen mboten bakal rabi.”
Dewi Amba     :  “Kenging napa Paduka tumut sayembara punika yen Paduka mboten saget dados                            garwa kula?”
Bhisma            :  “Umpama kowe ngomong neng aku yen kowe milih Salwa, iki kabeh ora bakal                                kedadeyan. Nanging aku saiki wis kadhung ngucap sumpahku.”
Dewi Amba     :  “Kula amung pengen kaleh Jenengan, Bisma.”
Bhisma            :  “Aku ora mungkin bisa urip bebarengan marang kowe, Dewi Amba.”
(Dewi Amba terus mbujuk Bisma supaya gelem rabi karo dheweke)
 Bhisma           :  “Wis, Amba wis. Aku bakal tetep bakoh marang sumpahku iki.”
(Dewi Amba mutung lan cerita marang dewa Sangkara)
Dewi Amba     :  “Duh, Dewa Sangkara. Napa kula akeh salah marang Bisma? Napa kula salah                                   milih? Duh, Dewa Sangkara. Bisma wis nglarani ati kula. Kula amung pengen                                      urip bebarengan karo Bisma senajan kudu mati mlebu geni.”
(Adegan Dewi Amba mlebu geni)

SEGMEN 3

Ing sawijining dina ana perang Baratayudha kang dimenangake kurawa.  Kurawa ngadakake kenduren kamenangane. Para punggawa lagi teka  ing sidang pesangrahan bulupitu. Kabeh padha seneng amarga resi Seta, senapatine Pandhawa wis sedha. Ing sidang kono Duryudana bungah banget nganti ing sidange Kurawa kuwi para punggawa wis dijamu masakan sing enak enak kanggo ngrayakne kemenangan sedhane Resi Seta.
Duryudana      :  “Hahaha, Kurawa menika bakalan menang, Eyang Bisma. Boten wonten prajurit                              ingkang saged nandingi kesaktianipun Eyang. Boten percuma perang telulas                                        dina menika Eyang.”
Bisma              :   “Iya kudu menang terus anggene perang.
Duryudana      :   Nggih, Eyang. Amergi strategi niki Kurawa saged menang terus Eyang.
Bisma              :   “Kepriye yen awake dhewe nggawe strategi anyar maneh?
Duryudana      :   “Hahahah, Lha kenging napa kedah ndamel strategi enggal, Eyang?”
Bisma              :  “Amarga yen Kurawa nganggo strategi sing wis tahu dienggo bakal dingerteni karo                         pepundhene Pandhawa.”
Duryudana      : “Inggih, leres Eyang. Sekedap kula badhe ngundang para prajurit Kurawa.”
Bisma              :  “Ya, tak enteni lakumu.”

SEGMEN 4
Ing sidang iki mau Kurawa nduwe karepan gawe formasi perang anyar.
Duryudana      :  “Para prajurit Kurawa, renea kabeh!”
(Para prajurit Kurawa nemoni Eyang Bisma)
Bisma              :  Prajurit prajuritku, aku nduwe kekarepan ngganti strategi perang.
Prajurit            :  Lha wonten nopo Eyang kok strateginipun digantos?
Duryudana      : Supaya pepundhene Pandhawa ora ana sing ngerteni strategi sing anyar iki. Dadi                            pasukan Kurawa bisa menangake perang maneh kanthi strategi anyar.”
(Bisma ngucapake strategi marang prajurit Kurawa tanpa swara)

Ing panggonan liyane, para punggawa Pandhawa uga gawe srategi perang anyar.
Kresna             :  “Wara Srikandhi!”  (nyeluk)
Srikandhi         :  “Inggih, kawula Prabu.”
Kresna             :  “Ya mung kowe ksatriaku sing arep tak ajokne ing perang iki.” (madhep Srikandhi)
Arjuna             :  “Iya Yayi, iki supaya ora akeh maneh korban sing kena amuke Eyang Bisma.”                                  (madhep Srikandhi)
Kresna             :  “Bener kuwi ature Raden Arjuna.”
Srikandhi         :  “Nanging kula saged menapa?
Kresna             :  “Wis ora usah wedi, kowe wis pinter nduwe ilmu panah.”
Srikandhi         :  “Inggih, nanging kula dereng pinter sanget.”
Arjuna             :  “Ora usah wedi, aku ana ing mburimu, Yayi.”
Kresna             : “Iya Yayi, kabeh wis percaya karo kepinteran manahmu. Kemenangane prajurit                                Pandhawa ana ing tanganmu.”

Srikandhi         :  “Nanging kula mboten yakin menawi saget menangake perang niki, Prabu.”
Arjuna             :  “Ora usah wedi, Srikandhi. Tugasmu kuwi cocok karo kepinteranmu.”
Srikandhi         :  “Lha mangke ingkang dados tandhingan kula niku sinten, Prabu?
Kresna             :  “Tandhinganmu kuwi Eyang Bisma.”
Srikandhi         : (kaget)  “Napa? Eyang bisma? Eyang Bisma niku mboten tandhingan kula, Prabu.”
Kresna             : “Kowe ora usah mikir rena-rena, sing penting kowe kuwi kudu yakin isa ngalahne             Eyang Bisma.”

Arjuna             : “Yayi, tugasmu amung manah dhadhane Eyang Bisma, dadi kowe ora usah wedi     amarga aku mesti ana ing mburimu.”
Srikandhi         :  “Inggih, Kakang Prabu.”

SEGMEN 5
Wis wayahe sinar srengenge metu, para punggawa lan prajurit saben kerajaan padha siaga karo prajurit sing handal. Cacahe sithik ora pengaruh amarga wis ana kekuatan dhewe dhewe. Ing Pandhawa, Prabu Kresna wis gawe strategi sing bakal bisa ngancurke pasukane Kurawa. Perang mulai dilaksanakne maneh.

Bisma             :  “Heh kowe Pandhawa bakal mati kabeh kowe musuh gamanku.” (ngetokne panah)
Arjuna             :  “Ora bakal isa Eyang arep nandhing para Pandhawa.” (Karo nglindungi barisan                                ngetokne panah)
Bisma              :  “Nyoh, Ngger tandhingana udan panah saka aku.”
Arjuna             :   (nandingi karo nembakne panah )
Ing kono perang wis dimulai, para pandawa ngetokne gaman sing paling dianggep paling sekti. Pedhang padha ketemu pedhang lan sing nduwe gaman padha gelut kabeh.
Werkudara      :  “Nyoh Kurawa, tampanen iki gadhaku kanggo nangani kelakuanmu. Ora bakal tak                            wehi ampun kowe kabeh. ”  (karo mlayu ning tengah tengahe barisane kurawa)
Setyaki            :  “Aku ora bakal meneng wae ngger, bakal tak ladeni kowe Kurawa.” (Ngetokne                               Keris Wesikuning)
Durmuka lan Citrawarman      :  “Maju mrenea Prabu sakti Raden Werkudara, lawan aku!”
Werkudara       :  “Aja kakean omong kowe, entenana gamanku iki.”
Setyaki                        :  “Mati kowe Jayawikatha karo gamanku.”
Jayawikatha    :  “Ora bakal bisa koe prabu Raden Setyaki nandhingi aku.” (nginggati keris)
Setyaki                        :  “Iki terimanen ciaaaaaaaaaaaaaaa.”

Akeh sing wis padha kalah prajurite pandhawa, nanging Resi Bisma ugung kalah, Resi Bisma ngetokne gaman e, Ing kene Resi Bisma arep manah Raden Werkudara.

Bisma              : “Kowe wani mateni prajurit Kurawa, bakal tak bales kowe cah bagus.” (ngetokne                             panah)
Werkudara      :  “Mboten ajrih kula kalih panjenengan, Resi Bisma.”
Bisma              :  “Nyooh tampanen.”
Werkudara      :  “Aduuuh kena aku gamane, nanging aku ora krasa apa apa, hahaha.”
Bisma              :  “Aduh kok ora mati kowe cah bagus?”
(Prajurite isih perang)

SEGMEN 6
Ing buri kuwi ana sang Prabu Kresna Raden Arjuna lan Wara Srikandi lagi rembugan bababgan ngalahne sang bisma.
Arjuna             : “Iki yayi Wara Srikandhi kowe kudu bisa ngalahne sang Bisma. Iki wis tak sangoni                         gaman sing paling ampuh kanggo mapak patine sang Bisma.”
Srikandhi         :  “Inggih, Kakang Raden Arjuna. Mugi kula saged mateni Resi Bisma.”
Arjuna             :  “Aku percaya karo kowe. Kowe salah sijine prajurit panah sing pinter ing                              peperangan.”
Srikandhi         :  “Inggih mboten Kakang, kula dereng pinter ing peperangan, nanging yen menika                              utusane Prabu Prabu Kresna mugi kula saguh nglampahi.”
Arjuna             :  “Kudu bisa Yayi, aku bakal nyertani kowe, ayo gage tak terna menyang medan                               perang, Yayi.”
Srikandhi         :  “Inggih, mangga Kakang Prabu.”
(Arjuna nggandheng Srikandhi munggah ing Kreta Perang bareng Prabu Kresna)
Arjuna             :  “Ati-ati, Yayi. Aja lali marang gaman iki.”
Srikandhi         :  “Inggih, Kakang Prabu.”

(Mlayu banter Kreta Sing ditunggangi karo Prajurit Prajurit tangguh sing arep mateni Sang Bisma)
Kresna             : “Awas, Eyang Bisma! Bakal tak papak patimu ben panjenengan bisa ketemu karo                            Dewi Amba sing kok tresnani.
Srikandhi         : “Pangapunten Prabu, kula mboten pinter manah, kula ajrih menawi mangke tambah                         mbleset mboten saged mejahi Eyang Bisma.”
Kresna             :  “Kowe kudu yakin iki kabeh amung kanggo prajurite Pandhawa.”
Arjuna             :  “Yayi Srikandi, ora usah sumelang. Aku bakal ana ing mburimu.”
Srikandhi         :  “Nanging…”
Arjuna             :  “Duh, Srikandhi sing dak tresnani. Lakonana apa kang kudu kok lakoni.”
Srikandhi         :  “Sendika dhawuh, Kakang Prabu.”

SEGMEN 7

(Ing seberang kana sang Resi Bisma wis siap karo serangane Prabu Prabu Kresna lan prajurite)
Duryudana      : “Eyang, pripun menika? Eyang saguh napa mboten kedah nglawan Srikandhi                                   piyambakan?
Bisma              :  “Ora sah wedi, aku bakal bisa nglawan dhewe. Nanging yen aku bakal kena panah                           lan mati ing peperangan, aku nduwe pesen kanggo para prajurit. Wis aku tak maju                   ing perang.”
Duryudana      :  “Sendika dhawuh, Eyang. Nanging..”
Bisma              :  “Ora usah sumelang mikirne uripku.”
Duryudana      :  “Sendika dhawuh, Eyang.”

Resi Bisma wis ngenteni tekane Wara Srikandi, saya cedak saya cedak bisma nyawang raupane Wara Srikandi katon kaya Dewi Amba sing di tresnani. Arwahe Dewi Amba membo membo ning awake Wara Srikandi kanggo ngewangi Wara Srikandi perang.
(Prajurit Pandhawa lan Kurawa siap kanggo perang)
Srikandhi         :  “Mangga, Prabu. Kula nyuwun restu kagem narik panah gandewa mejahi Eyang                              Bisma.”
Kresna             :  “Iya, prajurit panahku. Tak restuni kowe.
Srikandhi         :  “Sendika dhawuh, Prabu.”
(Pandhawa lan Kurawa perang)
Srikandhi         :  “Nyoh tampanen Eyang panahku sing mapak patimu.”
Bisma              :   “Iya, bakal tak tampa kanthi legawa.”
(Panah kena dhadhane Bisma)
Titis bidikane panah Wara Srikandi nancep ana ing dadane eyang bisma . lan tiba awake resi bisma ing padang kurusetra. Langsung mandek peperangan mau amarga Resi Bisma wis kena hdadane sing dipanah dening Srikandi . Ora let suwene Duryudana lan Puntadewa mlayu nyedak ing cedake Eyang Bisma.
(Duryudana lan Puntadewa mlayu marani Bisma. Duryudana mangku awake Bisma)
Duryudana      :  “Eyang, Eyang Bisma, Eyaaang..”
Puntadewa      :  “Ampun seda riyin Eyang , Pandhawa dereng kalah, Eyang.”
Duryudana      :  “Wis di cukupi wae perange, Eyang Bisma wis ora kuat maneh.”
Resi Bisma      :  “Wis, wis anggone aku melu karo Kurawa ing perang iki . Aku wis ora kuat.                                     Lalekna kabeh musuhan karo Pandhawa. Kowe kabeh wis apik akeh bakti marang                  aku, Ngger. Yen tekadmu kuat  bakal nerusake perang iki, kowe bakal ngerti sing                       paling bener ing perang iki.”
Puntadewa       :  “Sendika dhawuh, Eyang.”
Bisma              :  “Selehna ragaku, Ngger Duryudana  supaya penak anggenku mabur marang sang                              pangripta urip iki.”
Duryudana      :  “Eyang, menika kula aturaken segelas anggur merah kagem Eyang.”
 Bisma             :  “Ora usah, aku ora kepingin sing mbok gawa.”
Puntadewa      :  “Nggih sampun, Kakang. Mboten usah kangelan yen Eyang mboten purun.”
Arjuna             :   (nyelupne panah ing banyu kuda perang)
Kresna             :  “Menika eyang, kula aturi toya niki kagem Eyang.”
Arjuna             :  “Menika, Eyang.”  (ngelungne gelas)
Bisma              :   (ngombe karo mesem sedurung jiwane mabur )

Sakwise ngombe banyu saka Raden Arjuna , Resi Bisma langsung meneng lan seda . Gandengan tangane karo wanita sing ditresnani yaiku Dewi Amba lan Raden Dewabrata (Resi Bisma) sing saiki bisa nyatu nanging ora ing ndonya. 
 like and subscribe ya :) =>  https://www.youtube.com/watch?v=_bwRHTYwML0

1 komentar:

  1. The Climb Casino Slot Game by BigTime Gaming
    Big Time Gaming is a 속초 출장샵 developer of slot games, most recently Slots and 광양 출장안마 Bingo games and is a 창원 출장샵 developer 오산 출장안마 of 동두천 출장마사지 Bingo games for Bingo.

    BalasHapus